1 minute read
Uri-Uri Budaya
Apa kuwi COVID-19?
Covid-19 yaiku pemyakit kang jalarane saka Severe Acute Respiratory Syndrome Coronavirus 2 (SARS-COV2) tumrap manungsa, sing nyerang ana bageyan napas utawa ambegan. Penyakit kang dumadi saka virus iki diarani COVID-19.
Advertisement
Supaya kita ora katular penyakit iki, kita kudu tlaten nganggo masker nalika aktivitas.
Tata cara nganggo masker, yaiku:
1. Sadurunge nganggo masker kudu wisuh nganggo sabun utawa Handsanitizer.
2. Dianggo kanthi nutupi irung lan tutuk.
3. Aja nyekel masker nalika dianggo. Yen wis kadhung nyekel mula kudu wisuh maneh.
4. Ganti masker nalikane lembab utawa teles.
5. Masker medis kena dianggo pisan, masker kain bisa dianggo makaping-kaping nanging sedina kudu dikumbah nganggo deterjen.
6. Yen nyopot masker kudu saka mburi.
7. Kanggo masker sing sepisan dianggo langsung diguwak kanthi cara dibungkus plastik.